Wong Dayak Maanyan

Suku Maanyan
Suku Dayak Maanyan
Gunggung cacah jiwa
(kurang lebih 71.000 jiwa)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Kalimantan Tengah: 71.000.
Basa
Maanyan, Ngaju, Banjar, Indonésia
Agama
Kristen, Islam, Kaharingan
Golongan ètnik magepokan
Banjar, Dusun Witu, Paku,Dusun Malang

Suku Dayak Maanyan minangka salah satunggaling péranganing sub suku Dayak lan ugi minangka salah satunggal saking suku-suku Dusun (Kelompok Barito pérangan Wétan) saéngga dipunsebut ugi Dusun Maanyan. Suku-suku Dusun kalebet golongan rumpun Ot Danum, salah satunggal rumpun suku Dayak saéngga dipunsebut ugi Dayak Maanyan. Suku Dayak Maanyan dumunung ing pérangan wétan provinsi Kalimantan Tengah, mliginipun ing Kabupatèn Barito Timur lan sapérangan Kabupatèn Barito Selatan ingkang dipunsebut Maanyan I. Suku Dayak Maanyan ugi dumunung ing pérangan lèr provinsi Kalimantan Selatan, wonten ing Kabupatèn Tabalong ingkang dipunsebut Dayak Warukin. Dayak Balangan (Dusun Balangan) ingkang dumunung ing Kabupatèn Balangan lan Dayak Samihim ingkang dumunung ing Kabupatèn Kotabaru ugi kagolongaken ing salebeting suku Dayak Maanyan. Suku Maanyan ing Kalimantan Selatan dipunkelompokaken minangka Maanyan II.

Suku Maanyan minangka suku ingkang nembé wonten ing sensus taun 2000 lan minangka 2,80% saking penduduk Kalimantan Tengah, sadèrèngipun suku Maanyan kagabung ing suku Dayak nalika sensus 1930.[1]

Miturut tiyang Maanyan, sadereng dumunung ing kawasan papan dunungipun ingkang sapunika, rumiyin asalipun saking hilir (Kalimantan Selatan). Éwadéné sapunika wewengkon Barito Timur boten kalebet ing wewengkon Kalimantan Selatan, nanging wewengkon punika rumiyin kalebet ing wewengkon pungkasan Kesultanan Banjar saderegipun kagabung ing Indhiya Nèderlan taun 1860, inggih punika wewengkon Kesultanan Banjar ingkang sampun kirang lan boten gadhah akses tumuju laut, amargi dipunputeri laladan-laladan Indhiya Nèderlan.

Miturut situs "Joshua Project" suku Maanyan cacahipun wonten 71.000 jiwa.

Miturut sastra lésan suku Maanyan, sasampunipun angsal serangan saking Majapahit tumrap Karajan Nan Sarunai, suku punika acrah dados manéka sub-ètnis. Suku punika kapérang dados 7 subetnis, antawisipun:

  • Maanyan Patai
  • Maanyan Paku
  • Maanyan Paju Epat (murni)
  • Maanyan Dayu
  • Maanyan Paju Sapuluh (ada prabawa Banjar)
  • Maanyan Jangkung (wonten prabawa Banjar)
  • Maanyan Bawana Lima/Paju Lima (wonten prabawa Banjar)
  • Maanyan Warukin (wonten prabawa Banjar)
  • lan sanès-sanèsipun.

Keunikan Suku Dusun Maanyan, antawisipun taksih nindakaken ritus tetanèn, upacara kematian ingkang boten prasaja, sarta ngundhang dhukun (balian) saperlu nambani lelara.[2]

  1. Riwanto Tirtosudarmo, Mencari Indonésia: demografi-pulitik pasca-Soeharto, Yayasan Obor Indonésia, 2007, ISBN 979-799-083-4, 9789797990831
  2. Susanto, A. Budi (2003). Pulitik dan postkolonialitas di Indonésia. Kanisius. ISBN 9789792108507. {{cite book}}: External link in |title= (pitulung); horizontal tab character in |title= at position 120 (pitulung)ISBN 9792108505

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy